Contoh berita dalam bahasa jawa tentang kecelakaan - Pawarta Bahasa Jawa

Contoh berita dalam bahasa jawa tentang kecelakaan

Contoh berita dalam bahasa jawa tentang kecelakaan – Polrestabes Semarang isih nyelidiki sebab saka kecelakaan maut neng dalan Sriwijaya, ngarep TBRS, dina Rabu (6/1) nuli sing ngakibatake loro (2) wong mati. Nganti wingi, polisi durung bisa mriksa Hanif, korban slamet kecelakaan amarga isih nglakoni perawatan neng Rumah sakit.

”Kita butuh korban sing slamet kanggo dijaluki katrangan awal marang kedadean kecelakaan kesebut. Mengko yen wis dipriksa bisa meruhi amergane apa,” Tembung Panit Laka LAKALANTAS Polrestabes Semarang Iptu Jumantri marang Wartawan, dina Kamis tanggal 7 januari kepengker.
contoh-beirta-dalam-bahasa-jawa-tentang-kecelakaan
Dheweke nuturake, saka sacacah saksi, kecelakaan sing newaske loro wong kesebut sadurunge mung krungu suwara tabrakan sero. Dikira loro tunggangan saka arah bedha padha mlaku kanthi banter sadurung tubrukan.

”Mbokmenawan pengendara saka arah wetan dalane mudhun lan banter, saka kulon uga banter kuwi sing ora bisa dihindari,” turene.

Salah sawong kanca korban Damar Eko Prasetyo, Hanafi warga dalan Lobak RT06, Tlogobayem, Tembalang isih ndalani perawatan neng RS Roemani lan kondisine kritis.

Hanafi ngalami tatu nang kanggonan rai ngisor tepate neng kanggonan rahang. ”Dheweke isih dirawat neng RS Roemani, Hanafi kuwi sing mbonceng korban Damar Eko Prasetya,” gamblange.

Jenasah pengendara Honda Vario putih umur sekitar telung puluh (30) taun, nduwe awak kurus, kulit werna sawo mateng, ngrambut cendhak kanthi nggunakne klambi putih kembang-kembang wektu iki isih neng kamar mayit RSUP dr Kariadi.

Saka pakoleh penelusuran ing TKP, korban ngrupakne bakul pitik potong neng pasar Karangayu. ”Nanging kanggo mestekne kita arep nglakoke penelusuran lan panggolekan identitas amarga dheweke ora nggawa identitas arepa SIM utawa STNK,” tambahe. Contoh berita dalam bahasa jawa tentang kecelakaan.

Iklan Atas Artikel

Iklan Tengah Artikel 1

Iklan Tengah Artikel 2

Iklan Bawah Artikel