Bencana Alam Angin Puting Beliung Nerjang Bantul lan Gresik - Pawarta Bahasa Jawa

Bencana Alam Angin Puting Beliung Nerjang Bantul lan Gresik

Pawarta bahasa jawa bencana alam puting beliung - Kepala Seksi Kedaruratan dan Logistik Badan Penanggulangan Bencana Daerah (BPBD) Bantul, Anton Viktori, mengungkapake udan deras dimawani angin banter ngakibatake atusan wit neng wilayah Kasihan ambruk, dina Sabtu (28/11/2015) awan.

"Nyat akeh wit sing ambruk , mbokmenawan ya ana atusan yen ndeleng kondisine," padhang Anton.

Dheweke ngungkapke saka atusan wit ambruk ana sing ngembruki omah duweke warga.

Kajaba kuwi wit sing tumbang amarga angin puting beliung uga ana sing ngembruki fasilitas umum, kaya cagak listrik.
pawarta-bahasa-jawa-bencana-alam-angin-puting-beliung
"Nanging ana uga sing ora, kaya neng lemah sing jembar utawa pekarangan,"gamblan piyambake.

Data paling akhir, sing kedadeyan diklumpuke BPBD Bantul mawa relawan ana 43 titik lokasi kedaden sing kesebar neng desa Tamantirto, Tirtonirmolo, lan Bangunjiwo, sing kekabehe isih neng wilayah Kasihan Bantul.

Sawentara iku mergo bencana angin puting beliung sing ugo nempuh Gresik Jawa Timur, Taman Kanak-kanak lan Madrasah Ibtidaiyah Nurul Ulum nggawe siswa-siswi kudu prei sementara wayah.
Pihak sekolah arep nglakoke becikan lan ngresikna ruangan akibat pecahan genting, Sabtu (28/11/2015).

"Awake dhewe liburke dhisik kanggo resik-resik lan ngapike sik pada rusak," tembung Dzanur guru TK Muslimat Nurul Ulum, desa Betoyoguci, Kecamatan Manyar.

Nganti wektu iki warga isih dandani omahe dhewe-dhewe sing kena angin puting beliung.
saka data neng Badan Penanggulangan Bencana Daerah (BPBD) Kabupaten Gresik ana loro omah warga sing ditempuh angin puting-beliung.

"Mau ana omah Amin, Udin lan siji gendeng neng pondhok pesantren Darutaqwa, desa Dahanrejo, Kecamatan Kebomas, Gresik melu kebur," tembung Abu Hassan Kepala BPBD Kabupaten Gresik.
Nganti wektu iki durung kawruhan ketunan materiil mergo bencana alam angin puting beliung.

"Camat-camat sing wilayahe kena bencana alam puting beliung wis dijaluki data kanggo nentokake kerugian materiil," turene.

Iklan Atas Artikel

Iklan Tengah Artikel 1

Iklan Tengah Artikel 2

Iklan Bawah Artikel