Berita Ekonomi – Jawa Barat Bakal dadi Pusat Industri - Pawarta Bahasa Jawa

Berita Ekonomi – Jawa Barat Bakal dadi Pusat Industri

Pawarta bahasa jawa – Provinsi Jawa Barat terus diusahake dadi salah siji pusat industri hulu nganti hilir sing strategis. Panangen infrastruktur ngrupa dalan tol, dalan rel kereta, pelabuhan lan bandara neng Jabar sisih wetan diaji nyepetake berkembange industri lan nggeret investasi ana provinsi kesebut.

Menteri Perindustrian Saleh Husin optimis banget, tambahan infrastruktur kuwi bakal nglancarake lajune lintas logistik, barang mentah, lan dadi lawang ekspor kanggo produk industri neng Jawa Barat.

“Saka pirang-pirang ketemuan karo para investor, dekne kabeh nduwe minat kuwat kanggo mbangun pabrik lan ekspansi mrana. Yen sadurunge industri Jabar konsentrasine neng sisih kulon, kaya Bekasi ugo Karawang utawa cedhak-cedhak Jakarta kana, menyang tahun ngarep dekne kabeh mesti bakal geser menyang wetan amarga infrastruktur wis ndukung banget kaya dalan tol, pelabuhan lan lapangan pesawat neng Majalengka,” ngendikan Saleh dina Rabu 13 Januari 2016.
berita-ekonomi-jawa-barat
Pirang-pirang tambahan piranti prasarana kuwi dipitaya bisa dadi magnet kanggo mlebune investasi asing lan dalam negeri kanggo ngembangke industri hulu arepa hilir neng Jawa Barat sisih wetan.

Kementerian Perindustrian (Kemenperin) nyatet, Jawa barat nduweni patlikur (24) kawasan industri saka Pitung puluh papat (74) kawasan neng Indonesia. Pakoleh survei Kemenperin taun 2013 kuwi uga nunjukake kawasan industri neng Jabar paling akeh dibanding provinsi liyane kaya Kepulauan Riau namung sewelas (11) kawasan industri, Banten namung sepuluh (10), lan Jateng lagi ana wulu (8) Kawasan.

Saka sisi amba area, total kawasan industri Jawa barat tumeka 14,3 ewu hektare alias 39,4 persen saka kabeh kawasan industri neng Indonesia saamba 36,3 ewu hektare.

Pengembangan industri neng Jabar uga dikarepake bisa ningkatake lapangan kerja. Nganti 2014, ana pirang-pirang industri gedhe neng provinsi iki kayata industri panganan (1.037 pabrik, 112 ewu karyawan), tekstil (851 pabrik, 254 ewu karyawan), klambi dadi (740 pabrik, 231 ewu karyawan), lulang lan alas sikil (205 pabrik, 52 ewu karyawan) lan karet – plastik (390 pabrik, 104 ewu karyawan).

Kanti usaha menika mugio pamerintah Jawa Barat khususe lan Indonesia umume saget numbuhaken ekonomi ing dalam negeri.

Iklan Atas Artikel

Iklan Tengah Artikel 1

Iklan Tengah Artikel 2

Iklan Bawah Artikel