Berita Ekonomi – Wayah Ketigo Rega Mbako Gunungkidul Anjlog - Pawarta Bahasa Jawa

Berita Ekonomi – Wayah Ketigo Rega Mbako Gunungkidul Anjlog

Pawarta bahasa jawa - Wayah ketiga sing ora buyar nduwe akibat anjlokne rega mbako neng Gunungkidul. Kedadean kuwi nggawe para petani mbako neng Dusun Wareng II, desa Wareng, Kecamatan Wonosari njerit.

Salah siji petani mbako Sutrisno ngomongke, dheweke ora bisa ngapa-apa ngadhepi musim ketiga sing dawa iki. Malah kanggo mbanyoni palemahan pertanian duwene kudu tuku banyu saka tangki.


“Kanggo oprasional lep saben sepekan ping 2 kula kudu tumbas toya saka tangki saakeh 4 tangki.

pawarta-bahasa-jawa-ekonomi-rega-mbako-anjlog
Padahal sak tangi regane Rp 70 ribu,” turine marang wartawan Selasa, tanggal 22/10/2015 wektu ditemoni neng sawahe.


Pantes diungkapke dheweke, modal lan pakoleh sing ora sebanding.


”Malah iki hasil godhonge uga ora pati apik. amarga nyat kurange banyu dadi kendala utamane,” gamblang Sutrisno.


Wektu disinggung ngenani pangadol mbakone, diomongke taun wingi ketuk Rp 35 ewu nganti Rp 40 ewu saben kilone nanging wektu iki mung Rp 27 ewu nganti Rp 30 ewu wae.

”Iki kanggo rega mbako sing isih jero kondisi godhong bar panen,” turene.

Iklan Atas Artikel

Iklan Tengah Artikel 1

Iklan Tengah Artikel 2

Iklan Bawah Artikel