Aktifitas Tambang Pasir Liar Mbebayake Bangunan Sabo Dam - Pawarta Bahasa Jawa

Aktifitas Tambang Pasir Liar Mbebayake Bangunan Sabo Dam

Tambah akehe penambangan liar neng Kabupaten Magelang, nggawe siji sabo dam, sing nduwe guna dadi panguwawa lahar, neng Kali putih, Dusun Jengglik, desa Ngablak, Kecamatan Srumbung, ana jero kondisi meh ambrol.

Saka informasi sing diklumpukna, kondisi sabo dam wektu iki wis nggantung lan terancam ambrol. Amerga, penambangan iegal sing dilakoke nganggo piranti abot kesebut, dilakoke tanpa merhateke bangunan sing panguwawa lahar neng dhuwure.

Dituturke saka Joko, salah sawong warga sing ndelok aktifitas kesebut, ana siji piranti abot arupa biru sing ana ing kawasan berbahaya kuwi.

Kajaba kuwi, katon uga pirang-pirang tumpukan wedi sing wis ditata lan siap diusung nganggo truk.

"Akeh warga liya sing meruhi lan melu nglaporke aktifitas penambangan neng ngisor sabo dam kuwi, amarga nyat wis neras cukup suwe," turene.

Joko nambahke, nek sabo dam nganti ambrol, dikuwatirke omah warga bakal teranjam yen mengko kedadean luapan utawa banjir lahar adhem.

Amargane, dheweke ngaku kuwatir karo aktifitas para penambang sing saiki neras saben dina kesebut.

Sementara kuwi, Pejabat panggawe Komitmen (PPK) Pangendhali Lahar Gunung (PLG) Merapi Balai Besar Wilayah kali Serayu Opak (BBWSSO), Gunawan, negaske menawa pihake teras nglakoke peninjauan lapangan, terkait anane laporan penambangan neng area sekitar sabo dam.

"Kegiatan apa wae sing bisa ngancam utawa mbahayake bangunan pelindung lahar, jelas ora dibenerke," tegase.

Gunawan nuturke, padha karo aturan sing diterapke, kegiatan penambangan, utawa sawarnane, paling ora dilakoke kanthi jarak minimal 500 meter mendhuwur lan 500 neng ngisor bangunan pelindung lahar. Mulakna, dheweke mestekne nek kegiatan kesebut sifate ilegal.

Iklan Atas Artikel

Iklan Tengah Artikel 1

Iklan Tengah Artikel 2

Iklan Bawah Artikel